Senin, 21 Januari 2019

ANNELIDA LAPORAN BIOLOGI

LAPORAN BIOLOGI

ANNELIDA

bisa download di link bawah sini

https://drive.google.com/open?id=1arCX50i2QOKE3hsxNdRcs3k4ksj3Wx9G

SEMOGA BERMANFAAT!!

LAPORAN PENGARUH CAHAYA TERHADAP BIJI KACANG HIJAU

LAPORAN BIOLOGI
PENGARUH CAHAYA MATAHARI TERHADAP TANAMAN KACANG HIJAU DENGAN PERLAKUAN YANG BERBEDA DARI SETIAP MASING-MASING BIJINYA

Bisa download di link bwah sini:
caranya blok link lalu klik kanan kemudian open link atau bisa langsung klik

https://drive.google.com/open?id=1jC6GSIsAMw4s3KwSzTuemCY3Wj4PEQDU

SEMOGA BERMANFAAT!!

MAKALAH PENERAPAN REAKSI REDOKS

MAKALAH KIMIA
PENERAPAN REAKSI REDOKS DALAM KEHIDUPAN SEHARI-HARI

download pada link dibawah ini:
caranya blok link tersebut lalu klik kanan kemudian open link atau bisa langsung klik

https://drive.google.com/open?id=1jwt_RrPcbEOmBydyNEKIadrWbzq3H8s5

SEMOGA BERMANFAAT!!

CONTOH DRAMA BASA JAWA


NASKAH DRAMA MULOK (BAHASA JAWA)
Uripku Nelongso
Ing satunggal dusun tepate ing dusun Bojong Kenyot sing ora mentingaken sekolah, enten keluarga ingkang saking Bapak,Ibu,lan yugane.Nalika yugane menika ingkang gadhah name Ghoza ingkang ningali wartos ing TV.
Jannah             : “(Maosaken wartos pamejahen ing TV).”
Ghoza              : “(Ghoza nglamun sakedhap lan keling badhe masa lajengipun).”
            Sedasa taun sampun lajeng,enten lare ingkang mboten sekolah lan urip ing keluarga sing kirang harmonis,larene niku namine Ghoza.Kirang harmonise keluargane amargi sang Ibu luwih mikiri katonipun piyambak.Esuk-esuk Cepluk badhe menyang teng peken lan kepethuk Baydah yaiku rencange sing sombong banget.
Cepluk             : “Loh,Baydah!! !”
Baydah            : “Hei,jenengmu sapa yo?”
Cepluk             : “Kowe lali nang aku?”
Baydah            : “Sek ya tak eling-eling dhisek,kancaku soale akeh.”
Cepluk             : “Yooonggg,,,kowe cek laline temen nang kancane.”
Baydah            : “Oaalaah,Cepluk yo?Kowe kok tambah lemu ngene.”
Cepluk             : “Oh,aja ngono lah.”
Baydah            : “Lah Iyo,aku loh pangling,rupamu kok ora krumat,Pluk.”
Cepluk             : “Hmmm..,polahe awak e sing sek ayu a?”
Baydah            : “Yo iyo se,raiku loh ora ana flek e.”
Cepluk             : “he emben onok reunion teko o aku bakal tampil ayu”
Baydah            : “Yo wes aku bakal teko, ngaleh o kowe!”
            Mulihe saka peken Cepluk pegel banget marang Baydah lan mboten sengaja Cepluk sumerap wonten poster masang susuk kang regane mirah.
Cepluk             : “Hmmm,deleng en yo,marine iki aku lak dadi ayu.”
            Sawise iku Cepluk menyang griyane dukun sing masang susuk kasebut.
Cepluk             : “(Nuthuk lawang)”
Mbah Nun       : “Mlebu o,ana apa kowe mrene?”
Cepluk             : “Kula pingin dados tiyang paling ayu ing jagat raya iki.”
Mbah Nun         : “Hahahaa,kowe cek lucune su nduk.Iku yo is very easy easy,enteni dhisek yo.”(Kaliyan Mbah Nun nyiapake mantrane sing ampuh menika)
Cepluk               : “Yak napa,Mbah?”
Mbah Nun         : “Iku bisa diatur,carane kudu menehi aku tumbal anakmu dewe lan anakmu iku oleh ora metu teka umah,iku pantangan kanggo kowe.”
Cepluk               : “Siap,Mbah.Niki….Matur nuwun nggih Mbah.”(Lajeng ninggalna griyane dukun kasebut)
Sawise niku Cepluk mulih teka griyane dukun,ing dalan Cepluk kaca an.
Cepluk               : “Ayune tenan.”(karo ningali kaca)
            Cepluk pun bali menyang umahe lan ningali Ghoza lajeng nimbali.
Cepluk             : “Ghoz,gawana aku mangan!”
Ghoza              : “ Inggih,Bu.Niki dhaharipun.”
Cepluk             : “Enteni dhisek,aku sumuk iki.Kipasana aku dhisek!”
Ghoza              : “Inggih,Bu.”
            Sesampune niku Cepluk ketileman ing sofa lan piyambakipun kaget amargi wonten suarane lawang.
Cepluk             : “Sapa iku?”
Ghoza              : (Kaliyan mbuka lawang) “Aku dolan dhisek wes.”
Cepluk             : “Ghozaaa,aja metu teka umah!”
Ghoza              : “Punapa,Bu?”
Cepluk             : “Aja kakehan takon,mlebu o wes sadurunge Ibu ngamuk iki!!”
            Dalu dintene Bagong dugi saking nyambut damel lan madosi Ghoza.
Bagong            : “Nang endi,Ghoza?”(pitakon marang Cepluk)
Cepluk             : “Delengen dewe nang kamare.”
Bagong            : “Yo wes.”
Bagong            : “Ngapa wae kowe,Ghoza?”
Ghoza              : “Pak,punapa Ibu nglarang kula medal griya?”(Kaliyan rupa susah)
Bagong            : “Ah iyo ta?Sek tak nang ibumu.”
Bagong            : “Opo o Ghoza ora oleh metu teka umah?”
Cepluk             : “Yen ora oleh ya ra oleh.”
Bagong            : “Opo o se,Dik?”
Cepluk                         : “Sampeyan,pingin wero alasane ta,Pak?Alasane mengko yen arek iku metu jare Pak Yon arek iku bisa cilaka.”
Bagong           : “Ya Allah Dik.Aja gampang percaya karo iku.”
Cepluk            : “Wes menengo Pak,Aja kakehan takon.”
            Saben dinten Ghoza disiya-siya dening Ibune lan piyambakipun mboten nate sumerap donya njawi.Kelakonane sang Ibune pun bawi dumadon siyos.
            Sampune niku Tulik sing dugi teka peken mulih menyang griyane majikane.
Ghoza              : “Tulung umbahaken rasukane menika!”
Tulik                : “Inggih,Den.Kula bakal nyelesaiaken umbah-umbah klambi niki.”
Ghoza              : “Budhe,maeng menyang teka endi?
Tulik                : “Oh,kula saking peken,Den.Napa a?”
Ghoza              : “Eeeh,mboten napa napa.”
Tulik                : “Den Ghoza teng ngarep ae,mengko nyonya nggoleki Den Ghoza.”
Ghoza              :”Inggih pun Budhe.”
Cepluk             : “Nang endi klambiku sing apik iki?”
Ghoza              : “Kula mboten sumerap,Bu.”(karo ninggalno panggonane umbah-umbahan)
Cepluk             : “Aja-aja kowe ya?”(kaliyan nunjuk Tulik)
Tulik                : “Sanes kula ,Nyah.”
Cepluk             : “Terus sapa maneh,yen dudu kowe?”
Tulik                : “Kula temen,Nyah.Sanes kula sing njupuk.”
Cepluk             : “Halaaah,alasan wae kowe iki.”
Tulik                : “Mboten,Nyah.Kula mboten njupuk klambine.”
Cepluk            : “Mestine kowe sing njupuk,sapa maneh sing ngurusi klambi-klambiku yen dudu kowe.Dasar kowe iki mlarat.”(Lajeng napuk Tulik)
            Mboten sengaja nalika Tulik  ditapuk dening Cepluk piyambakipun dawah teng plesteran lan sirahipun dadug tembok.Sawise niku piyambakipun di mbekta ing rumah sakit.
            Ing dalu dinten,saksampune kadadosan menika Cepluk wedi lan medal purun ketemu mantan pacare kala SMA.wong loro niku lagi omong-omongan.
Purno                   : “Ana apa,Beb?”
Cepluk                 : “Mau awan aku nggawe pembantuku mlebu nang rumah sakit.”
Purno                   : “Lah…Kok apa na dheweke?Apa keluargane nglaporna nang polisi?”
Cepluk                 : “Aku ya ora weruh,kayake se ora dilaporna.”
Purno                   : “Tenang ae Beb,kan ana aku.
Purno                   : “He Beb,iku ono bakso ayo marung a?”
Cepluk                         : “Iya wes mumpung aku luwe.”
Purno                   : “Pak pesen baksone kale.”
Purno                   : “Pak bakso!” (Karo ndobrak rombonge).
T.Bakso               : “Lho?Opo le ndobrak-ndobrak?”
Purno                   : “Lho aku iki kate tuku bakso.”
T.Bakso               : “Opo?Bako?ndak dodol bako ndek kene,wocoen lah iki bakso bulat.”
Purno                   : “Sopo sing ngomong bako iku loh,Bakso Pak!kupinge sampeyan iki kelebon bakso ta?”
Cepluk                   : “Ono opo Mas?”
Purno                   : “Iki loh Dik,aku pesen bakso malah di kira bako.”
Cepluk                   : “Loh yo opo se?Sek tak coba aku sing ngomong.Pak?”
T.Bakso               : “Oh napa dik?Tumbas bakso ta?”
Cepluk                   : “Iyo Pak 2 porsi ya?”
Purno                   : “Lho krungu,kurang ajar tukang bakso iki!”
Cepluk                   : “Wis to Mas,menawa wong e maeng pancen ora krungu.”
Purno                   : “Hoooo ora krungu opo?!Ancen tukang baksone bolus tok.”
T.Bakso               : “Niki Dik,baksone.”
            Sawise niku teko pengamen sing nyanyi nyanyi ora enak.
Cepluk                   : “Huuu suarane ora enak,kek ono duwit wis Mas cek ndang ngaleh.”
Purno                   : “Nyok…ndang ngaleh kono.”(karo menehi duwit Rp.500)
Pengamen P         : “Yonggg Mas,aku yo nduwe lek Rp.500.Nyoo iki loh,tak balekno.”
Cepluk                   : “Hooo kowe iki wis suarane ora enak diwenehi duwit sek ora terimo.”
Pengamen P         : “Ancen dasare medit.Kowe iku.”
Pengamen L        : “Cekne wes Yank,ancen wong medit.Ayo tak marungno bakso ae aku luwe.”
Pengamen P         : “Ayo Yank perasane ora bisa marung bakso ae awakdewe.”
Pengamen L        : “Bakso..Bakso!”
T.Bakso               : (kaget) “Opo se kok nyentak-nyentak!”
Pengamen L        : “Bakso Pak Lek.”
T.Bakso               : “Oh tuku ta?”
Pengamen L        : “Kowe iki,wis ndang dolono wes.”
T.Bakso               : “Iya,pirang porsi se?”
Pengamen L        : “Yo 2 mosok 3,iku lak porsimu.”
T.Bakso               : “Hoo iyo.”
Cepluk                         : “Eaalahhh,bisa tuku bakso ta?”
Pengamen P         : “Menengo lambemu dasar clirit.”
Cepluk                         : “Yo wis Mas ndang ngaleh,ora level sak lungguhan karo kamseupay.”
Pengamen P         : “Hooohh ngalio kowe kono.”(karo mlengos)
Pengamen L        : “Menengo suaramu ora enak.”
T.Bakso               : (Nerusno nyanyi)
Pengamen L        : (Marani tukang bakso) “Nyo….gantian kowe sing ngamen aku sing dodol bakso.”
T.Bakso               : “Oke oke ayo wes aku tak ngamen ndang daftar nang Dangdut Academy.”
Pengamen L        : “Oke.”
Pengamen P         : “Digobloki gelem ae.”
Pengamen L        : “Ho.. wong arek lolak-lolok kaya kentung ngono.”
Pengamen P         : “Haha… ayo awakdewe dagang bakso ae.”
Pengamen L        : “Ayo, batine akeh.”
            Tukang bakso ngalih, Pengamen lanang lan Pengamen wadon ngalih karo nggowo rombong bakso.
            Sawise niku Purno ngeterno Cepluk menyang griyane.
Purno                   : “Kowe mlebu a wes.”
Cepluk                         : “Oh,yo wes.Daaaa…”
Purno                   : “Daaa….”
            Tibane Ghoza sumerap yen Ibune badhe omong-omongan kaliyan tiyang jaler lan esok dinten Cepluk ing pawon.
Ghoza                  : “Wau dalu Ibu kesah teng pundi?”
Cepluk                         : “Apa a sih,Ghoz?”
Ghoza                  : “Kula sumerap Ibu kaliyan satiyang jaler wau dalu.”
Cepluk                         : “Yo wes ta,aja melu-melu urasane Ibu.”
Ghoza                  : “Inggih pun,Bu.”
            Mboten lami lajeng dalune Cepluk ngadakna reuni an bareng karo rencang-rencange ing warung makan lan tibane ing warung niku Cepluk lan Atim teka dhisek.Waktu reuni cepluk ngerumpi bareng kanca kancane lan podo pamer ambek sing deweke nduweni .
            Saksampune niku Cepluk mulih nang griyane, Ghoza nggirahi piring piring sing reged,amargi piyambakipun rumaos mumet lan mboten sengaja mecahna piring.
Cepluk                         : “Ana apa iki?”
Ghoza                  : “Ngapunten,Bu.”
Cepluk                         : “ Kowe iku ora tau diuntung.”(Nggepuki Ghoza)
Bagong                : “Wes..wes..,aja kasar nang anakmu iku!!Ayo Ghoza nang kamarmu wae.”
Bagong                : (menyang Cepluk) “Ibuku esuk emben arep nang kene.”
Cepluk                         : “Terus apa urusanku?”
Bagong                : “Ya sampeyan bisa nyambut Ibuku karo becik lah….”
Cepluk                         : “Yo wes lah…Pokok Ibumu aja nggawa perkara ae.”
            Kalih dinten Ibu saking Bagong dugi mbekta janganan saking dusune di enggo oleh-oleh.
Mbah Tut             : “Ya apa kabarmu le?”
Bagong                : “Ah sae Bu,Ibu sae napa mboten?”
Mbah Tut             : “Ibu sae le.”
            Kala Mbah Tut meluk Cepluk,Cepluk ora gelem.
Cepluk                         : “iiiihhhhh….apa apaan iki?”(rumaos keri)
Mbah Tut             : “Opo o ta nduk?Kowe saiki kok tambah ayu?”
Cepluk                         : “Yo iyo se.Ibu nggawa pete ya?”
Mbah Tut             : “Lho iyo,opo o tah?”
Cepluk                         : “Aku kan wis kandha yen nang kene aja nggawa pete.Aku ora seneng nang ambune,iku bisa tekan sak umah”
Bagong                : “Wes tah.Terima wae engko awak dewe omongna.”
Bagong                : “Dik,aku budhal nyambut gawe dhisek yo?”
Cepluk                         : “Wes,budhal o kono loh.”
Mbah Tut             : “Ghoz,ayo melu Mbah metu umah.”
Ghoza                  : “Kula mboten purun teng Ibu,Mbah.”
Mbah Tut             : “Loh apa a?Engko Mbah wes sing ngomong nang Ibumu.”
            Kaliyan rai ne wedi,Ghoza ndherek Mbah Tut.Sakderenge dugi njawi Ibune Ghoza ningali Ghoza kale Mbah Tut sing badhe medal.
Cepluk                         : “He…..Ghoz,kate nang endi kowe?”
Ghoza                  : “Kula badhe ndherek Mbah,Bu.”
Cepluk                         : “Ndak usah melu wes.”
Mbah Tut             : “Opo o se,Nduk?”
Cepluk                   : “Wes menenga,ndak usah melu-melu sampeyan,Bu.Mlebu o Ghoz,ndak usah metu-metu.Sampeyan wae sing metu teka umah iki wes,Bu.”
Mbah Tut             : “Ya Allah Nduk,iya wes aku engko metu teka umah iki.”
Cepluk                   : “Ya metuo sing adoh,Bu.Ngerepoti wae.”
            Dalune Bagong dugi saking nyambut damel lan nangleti Cepluk teng pundi Mbah Tut.
Bagong                : “Dik,Ibu nang endi?”
Cepluk                         : “Aku ndah ro,,.Mulih paling.”
Bagong                : “Loh yo opo se,Dik.Ibu kok mulih,sek wingi Ibu teka mosok wes mulih.”
Cepluk                         : “Ya ben o wes,karepe Ibu.Wes aku kate turu.”
            Saksampune niku Ghoza ngrenung ing kamare.Enjing dintene,saksampune Bagong tindak nyambut damel lan dheweke pamitan dhateng Cepluk.Mantun niku Purno dugi menyang Cepluk teng griyane Cepluk.
Purno                   : (Ing lawang amping-amping) “Hai Beb….”
Cepluk                         : “He…kene loh Mas mlebu o!”
Purno                   : “Hmmm…Ayune sampeyan,Beb.”
Cepluk                         : “Iso-iso ae sampeyan ngerayu aku,Mas.”
Purno                   : “Loh,iku apa Beb?Ireng-ireng iku loh..?”
Cepluk                                                  : “Endi se,Mas?”
Purno                   : “Iku loh.”(kaliyan nunjuk)
Cepluk                   : (Cepluk ningali Ghoza amping-amping ing kamare) “He..kowe Ghoz mlebu a aja amping-amping!”
Purno                   : “Iku sapa se Beb,anakmu a?’
Cepluk                   : “Ya ngono iku wes Mas.”
Purno                   : “Oooalaah..ayo Beb metu mlaku-mlaku.”
Cepluk                   : “Ayo Mas,Oh…sek sek Mas.”Ghoz…Ghoz…rene o kowe!”
Ghoza                  : “Wonten napa,Bu?”
Cepluk                   : “Suwene kowe iki.Ibu kate metu aja sampek kowe metu teka umah iki loh Ghoz!”  
Ghoza                  :  “Inggih,Bu.”
Cepluk                   : “Awas kowe lek metu,mangke tak  ajar kowe Ghoz.”
Ghoza                  : “Inggih,Bu.”
            Sawise niku Cepluk tindak kaliyan Purno.Cepluk lan Purno mlampah-mlampah tindak peken tumbas rasukan.
Cepluk                         : “Yu piroan iki yu?”
PenjualBaju         : “Seketebok lah.” (basa Madura)
Cepluk                         : “Piro se yu?Aku ora ngerti.”
PenjualBaju         : “Seketebok.”
Cepluk                         : “Opo se yu?Piroan iki?”
PenjualBaju         : “Wooo..Tengel,seketebo embo la,engko tak tengel?”
Purno                   : “Ono opo se Dek?Kok rame ae?”
Cepluk                 : “Iki lo mas ngomong Bahasa Arab wong iki,lah aku ora ngerti.Wong aku anggere bayar,mosok ngerti aku.”
Purno                   : “Berempa regena?”
PenjualBaju         : “Seketebok Cong,gelem ta?”
Purno                   : “Seketewu Dik.”
Cepluk                 : “Seketewu?Cek larange?Klambi pasaran seketewu?”
PenjualBaju         : “Eh,ngomong opo mbak?”
Cepluk                 : “Loh?Iso ngomong Jowo kowe?”
PenjualBaju         :  “Lo,yo iso.Bahasa opo maneh?Arab ta?Yo ora iso,wong aku anggere mbayar pisan ngunu se.”
Cepluk                 : “Oh yo wes.Anguran tuku neng Jerman ketimbang neng kene.”
PenjualBaju         : “Jejere taman ah?”
            Teng kamare Ghoza nangisi nasibe sing mboten sae.
Ghoza                  : “Ibu,sak benere aku iki anak e sopo?aku ngerti yen aku dudu anak kandungmu,tapi ne sampeyan opo o kok mboten sayang titik ae nang aku.”
            Ghoza ketileman ing kasure.
            Dalune Bapake dugi nyambut damel lan menyang kamare Ghoza.Lajenge Bapake ngusap sirahe Ghoza sing tilem.Lajeng Bagong tindak mundhut toya lan Bagong ningali Cepluk ing njawi kaliyan Purno selingkuhane Cepluk.
Bagong                : “Ya Allah,bojoku nduweni wong liya maneh.”
            Cepluk menyang pawon badhe nedha lan Bagong arep marani Cepluk.
Bagong                : “Dik.”
Cepluk                         : “Opo se?”
Bagong                : “Aja di siya-siya Ghoza iku,sak aken.”
Cepluk                         : “Sapa se sing nyia-nyiana Ghoza,ancene Goza sing kurang ajar nang aku.”
Bagong                : “Ora apa-apa,Dik yen sampeyan tresna wong lia sing penting aja nyiksa anake.”
Cepluk                   : “Iyo aku ancen tresna wong liya,ora usah ngatur-ngatur aku maneh,sesuk aku bakal minggat saking umah iki.”
Bagong                : “Aja,Dik saaken anake.”
Cepluk                   : “Cekne wes.Aku wes ora sanggup urip karo kowe lan anakmu.Aku nyesel kawin karo kowe.Kowe mlarat ora isa nyenengna aku.”
Bagong                :”Wes!!!!! Kesabaranku wes entek ayo melu aku”
            Suasana ing griyane Ghoza kayadene biasane.
            Ghoza tangi sangking tileme lajeng menyang teng pawon kangge nyepaaken dhaharan.Lan Ghoza nimbali Bapake.
Ghoza                  : “Pak,monggo di dhahar.”
Bagong                : “Iya,Nak.”(tindak pawon) “Saiki kowe bebas,Nak Ibumu ndak iro nyiksa kowe maneh.Ibumu wes ndak ana Ghoz.”
Ghoza                  :”Loh nandi pak ibu?”
Bagong                : “Ibumu wes ndonok ndausah digoleki wes!”
Ghoza                  : “Ndek endi Pak?”
Bagong                : “Wes menengo ndausah nggoleki ibumu
            Amargi Ghoza tanglet terus, Ghoza dikancingi lawang marang bapake.
            Ing dinten dalu Ghoza teng lawang kale senden lajeng ningali Bapake dugi nyambut damel kale mabuk.Lan Bapake muntah ing plesteran.Dados Ghoza langsung ngersiki kale nangis,Bagong lagi nglantur 
Ghoza                  : “Loh pak punapa njenengan?
Bagong                : “Ibumu wes ndonok
Ghoza                  : “Nandi pak ibuku
Bagong                : “Ibumu wes tak pateni!kene melu aku
            Ghoza tansah meneng lan nangis.Bapake ngelantur ngepuki jasade Cepluk.
            Lajeng Bapake mlebet ing griya lan Ghoza tasik kale jasade Ibune.Sawise iku Ghoza mbekta Ibune kangge mlebet teng kamare.Lan bapake ngombe racun gawe bunuh diri.
Ghoza                  : (Ing kamar) “Ibu…”
Bagong                : “Ghoza.”(Kaliyan mbukak lawang lan kaget tibakna wonten Cepluk ing pinggire Ghoza)
            Enjing dinten,Ghoza tangi lan menyang pawon kangge mundhut toya lan lajeng ningali Bapake sampun mboten enten.
Ghoza                  : “(Karo nangis) Bapakk.”
            Ghoza ningali lawang njawi mbukak,lajeng Ghoza menyang lawang njawi kaliyan rainipun campur aduk.
            Lajeng Mbah Tut dugi tebe mlayu marani Ghoza.
Mbah Tut             : “Ghoz,ana apa?”
Ghoza                  : “Ibu lan Bapak Mbah…”
Mbah Tut             : “Opo o le?”
Ghoza                  : “Ibu lan Bapak seda Mbah.”
Mbah Tut             : “Hah?Mati opo o?”
Ghoza                  : “Kula mboten kiyat nyritaaken Mbah.”(kale nangis)
Mbah Tut             : “Wes le,paling iki wes takdire.Kowe melu Mbah wae ninggalno umah keji iki.”
Mbah Tut             : “Ghoz rinio le.”
Ghoza                  : “Inggih,Mbah.”(kale kaget)
Mbah Tut             : “Pijetono Mbah yo le?Gelem ta?
Ghoza                  : “Inggih Mbah.Mbah matur nuwun sampun ngerawat kula.”
Mbah Tut             : “Iyo le,ndak papa.”
Ghoza                  : “Matur nuwun,Mbah.”(kale meluk)

Aja dados tiyang sing ala lakune,yen ora pingin cilaka akhire.Aja duhaka marang tiyang sing luwih sepuh.Lan aja gampang percaya marang hal-hal sing nyekutuna Allah.
TAMAT