NASKAH DRAMA MULOK (BAHASA JAWA)
Uripku Nelongso
Ing satunggal
dusun tepate ing dusun Bojong Kenyot sing ora mentingaken sekolah, enten
keluarga ingkang saking Bapak,Ibu,lan yugane.Nalika yugane menika ingkang
gadhah name Ghoza ingkang ningali wartos ing TV.
Jannah :
“(Maosaken wartos pamejahen ing TV).”
Ghoza :
“(Ghoza nglamun sakedhap lan keling badhe masa lajengipun).”
Sedasa
taun sampun lajeng,enten lare ingkang mboten sekolah lan urip ing keluarga sing
kirang harmonis,larene niku namine Ghoza.Kirang harmonise keluargane amargi sang
Ibu luwih mikiri katonipun piyambak.Esuk-esuk Cepluk badhe menyang teng peken
lan kepethuk Baydah yaiku rencange sing sombong banget.
Cepluk :
“Loh,Baydah!! !”
Baydah :
“Hei,jenengmu sapa yo?”
Cepluk :
“Kowe lali nang aku?”
Baydah :
“Sek ya tak eling-eling
dhisek,kancaku soale akeh.”
Cepluk :
“Yooonggg,,,kowe cek laline temen nang kancane.”
Baydah :
“Oaalaah,Cepluk yo?Kowe kok tambah lemu ngene.”
Cepluk :
“Oh,aja ngono lah.”
Baydah :
“Lah Iyo,aku loh pangling,rupamu kok ora krumat,Pluk.”
Cepluk :
“Hmmm..,polahe awak e sing sek ayu a?”
Baydah :
“Yo iyo se,raiku loh ora ana flek e.”
Cepluk :
“he emben onok reunion teko o aku bakal tampil ayu”
Baydah :
“Yo wes aku bakal teko, ngaleh o kowe!”
Mulihe
saka peken Cepluk pegel banget marang Baydah lan mboten sengaja Cepluk sumerap
wonten poster masang susuk kang regane mirah.
Cepluk :
“Hmmm,deleng en yo,marine iki aku lak dadi ayu.”
Sawise
iku Cepluk menyang griyane dukun sing masang susuk kasebut.
Cepluk :
“(Nuthuk lawang)”
Mbah Nun :
“Mlebu o,ana apa kowe mrene?”
Cepluk :
“Kula pingin dados tiyang paling ayu ing jagat raya iki.”
Mbah
Nun : “Hahahaa,kowe cek lucune su
nduk.Iku yo is very easy easy,enteni dhisek yo.”(Kaliyan Mbah Nun nyiapake
mantrane sing ampuh menika)
Cepluk : “Yak napa,Mbah?”
Mbah
Nun : “Iku bisa diatur,carane kudu
menehi aku tumbal anakmu dewe lan anakmu iku oleh ora metu teka umah,iku
pantangan kanggo kowe.”
Cepluk : “Siap,Mbah.Niki….Matur nuwun
nggih Mbah.”(Lajeng ninggalna griyane dukun kasebut)
Sawise
niku Cepluk mulih teka griyane dukun,ing dalan Cepluk kaca an.
Cepluk : “Ayune tenan.”(karo ningali
kaca)
Cepluk
pun bali menyang umahe lan ningali Ghoza lajeng nimbali.
Cepluk :
“Ghoz,gawana aku mangan!”
Ghoza :
“ Inggih,Bu.Niki dhaharipun.”
Cepluk :
“Enteni dhisek,aku sumuk iki.Kipasana aku dhisek!”
Ghoza :
“Inggih,Bu.”
Sesampune
niku Cepluk ketileman ing sofa lan piyambakipun kaget amargi wonten suarane
lawang.
Cepluk :
“Sapa iku?”
Ghoza :
(Kaliyan mbuka lawang) “Aku dolan dhisek wes.”
Cepluk :
“Ghozaaa,aja metu teka umah!”
Ghoza :
“Punapa,Bu?”
Cepluk :
“Aja kakehan takon,mlebu o wes sadurunge Ibu ngamuk iki!!”
Dalu
dintene Bagong dugi saking nyambut damel lan madosi Ghoza.
Bagong :
“Nang endi,Ghoza?”(pitakon marang Cepluk)
Cepluk :
“Delengen dewe nang kamare.”
Bagong :
“Yo wes.”
Bagong :
“Ngapa wae kowe,Ghoza?”
Ghoza :
“Pak,punapa Ibu nglarang kula medal griya?”(Kaliyan rupa susah)
Bagong :
“Ah iyo ta?Sek tak nang ibumu.”
Bagong :
“Opo o Ghoza ora oleh metu teka umah?”
Cepluk :
“Yen ora oleh ya ra oleh.”
Bagong :
“Opo o se,Dik?”
Cepluk : “Sampeyan,pingin wero
alasane ta,Pak?Alasane mengko yen arek iku metu jare Pak Yon
arek iku bisa cilaka.”
Bagong : “Ya Allah Dik.Aja gampang percaya
karo iku.”
Cepluk : “Wes menengo Pak,Aja kakehan
takon.”
Saben
dinten Ghoza disiya-siya dening Ibune lan piyambakipun mboten nate sumerap
donya njawi.Kelakonane sang Ibune pun bawi dumadon siyos.
Sampune
niku Tulik sing dugi teka peken mulih menyang griyane majikane.
Ghoza :
“Tulung umbahaken rasukane menika!”
Tulik :
“Inggih,Den.Kula bakal nyelesaiaken umbah-umbah klambi niki.”
Ghoza :
“Budhe,maeng menyang teka endi?
Tulik :
“Oh,kula saking peken,Den.Napa a?”
Ghoza :
“Eeeh,mboten napa napa.”
Tulik :
“Den Ghoza teng ngarep ae,mengko nyonya nggoleki Den Ghoza.”
Ghoza :”Inggih
pun Budhe.”
Cepluk :
“Nang endi klambiku sing apik iki?”
Ghoza :
“Kula mboten sumerap,Bu.”(karo ninggalno panggonane umbah-umbahan)
Cepluk :
“Aja-aja kowe ya?”(kaliyan nunjuk Tulik)
Tulik :
“Sanes kula ,Nyah.”
Cepluk :
“Terus sapa maneh,yen dudu kowe?”
Tulik :
“Kula temen,Nyah.Sanes kula sing njupuk.”
Cepluk :
“Halaaah,alasan wae kowe iki.”
Tulik :
“Mboten,Nyah.Kula mboten njupuk klambine.”
Cepluk : “Mestine kowe
sing njupuk,sapa maneh sing ngurusi klambi-klambiku yen dudu kowe.Dasar kowe
iki mlarat.”(Lajeng napuk Tulik)
Mboten
sengaja nalika Tulik ditapuk dening
Cepluk piyambakipun dawah teng plesteran lan sirahipun dadug tembok.Sawise niku
piyambakipun di mbekta ing rumah sakit.
Ing
dalu dinten,saksampune kadadosan menika Cepluk wedi lan medal purun ketemu
mantan pacare kala SMA.wong loro niku lagi omong-omongan.
Purno : “Ana apa,Beb?”
Cepluk : “Mau awan aku nggawe
pembantuku mlebu nang rumah sakit.”
Purno : “Lah…Kok apa na dheweke?Apa
keluargane nglaporna nang polisi?”
Cepluk : “Aku ya ora weruh,kayake se
ora dilaporna.”
Purno : “Tenang ae Beb,kan ana aku.
Purno : “He Beb,iku ono bakso ayo
marung a?”
Cepluk : “Iya wes mumpung aku
luwe.”
Purno : “Pak pesen baksone kale.”
Purno : “Pak bakso!” (Karo ndobrak
rombonge).
T.Bakso : “Lho?Opo le ndobrak-ndobrak?”
Purno : “Lho aku iki kate tuku
bakso.”
T.Bakso : “Opo?Bako?ndak dodol bako ndek
kene,wocoen lah iki bakso bulat.”
Purno : “Sopo sing ngomong bako iku
loh,Bakso Pak!kupinge sampeyan iki kelebon bakso ta?”
Cepluk : “Ono opo Mas?”
Purno : “Iki loh Dik,aku pesen
bakso malah di kira bako.”
Cepluk : “Loh yo opo se?Sek tak coba
aku sing ngomong.Pak?”
T.Bakso : “Oh napa dik?Tumbas bakso ta?”
Cepluk : “Iyo Pak 2 porsi ya?”
Purno : “Lho krungu,kurang ajar
tukang bakso iki!”
Cepluk : “Wis to Mas,menawa wong e
maeng pancen ora krungu.”
Purno : “Hoooo ora krungu
opo?!Ancen tukang baksone bolus tok.”
T.Bakso : “Niki Dik,baksone.”
Sawise niku teko pengamen sing
nyanyi nyanyi ora enak.
Cepluk : “Huuu suarane ora enak,kek
ono duwit wis Mas cek ndang ngaleh.”
Purno : “Nyok…ndang ngaleh
kono.”(karo menehi duwit Rp.500)
Pengamen
P : “Yonggg Mas,aku yo nduwe lek
Rp.500.Nyoo iki loh,tak balekno.”
Cepluk : “Hooo kowe iki wis suarane ora
enak diwenehi duwit sek ora terimo.”
Pengamen
P : “Ancen dasare medit.Kowe iku.”
Pengamen
L : “Cekne wes Yank,ancen wong
medit.Ayo tak marungno bakso ae aku luwe.”
Pengamen
P : “Ayo Yank perasane ora bisa
marung bakso ae awakdewe.”
Pengamen
L : “Bakso..Bakso!”
T.Bakso : (kaget) “Opo se kok
nyentak-nyentak!”
Pengamen
L : “Bakso Pak Lek.”
T.Bakso : “Oh tuku ta?”
Pengamen
L : “Kowe iki,wis ndang dolono
wes.”
T.Bakso : “Iya,pirang porsi se?”
Pengamen
L : “Yo 2 mosok 3,iku lak porsimu.”
T.Bakso : “Hoo iyo.”
Cepluk : “Eaalahhh,bisa tuku
bakso ta?”
Pengamen P : “Menengo lambemu dasar clirit.”
Cepluk : “Yo wis Mas ndang
ngaleh,ora level sak lungguhan karo kamseupay.”
Pengamen P : “Hooohh ngalio kowe kono.”(karo
mlengos)
Pengamen L : “Menengo suaramu ora enak.”
T.Bakso : (Nerusno nyanyi)
Pengamen
L : (Marani tukang bakso)
“Nyo….gantian kowe sing ngamen aku sing dodol bakso.”
T.Bakso : “Oke oke ayo wes aku tak ngamen
ndang daftar nang Dangdut Academy.”
Pengamen
L : “Oke.”
Pengamen P : “Digobloki gelem ae.”
Pengamen L : “Ho.. wong arek lolak-lolok kaya
kentung ngono.”
Pengamen P : “Haha… ayo awakdewe dagang bakso ae.”
Pengamen L : “Ayo, batine akeh.”
Tukang bakso
ngalih, Pengamen lanang lan Pengamen wadon ngalih karo nggowo rombong bakso.
Sawise niku Purno ngeterno Cepluk
menyang griyane.
Purno : “Kowe mlebu a wes.”
Cepluk : “Oh,yo wes.Daaaa…”
Purno : “Daaa….”
Tibane Ghoza sumerap yen Ibune badhe
omong-omongan kaliyan tiyang jaler lan esok dinten Cepluk ing pawon.
Ghoza : “Wau dalu Ibu kesah teng
pundi?”
Cepluk : “Apa a sih,Ghoz?”
Ghoza : “Kula sumerap Ibu kaliyan
satiyang jaler wau dalu.”
Cepluk : “Yo wes ta,aja
melu-melu urasane Ibu.”
Ghoza : “Inggih pun,Bu.”
Mboten lami lajeng dalune Cepluk
ngadakna reuni an bareng karo rencang-rencange ing warung makan lan
tibane ing warung niku Cepluk lan Atim teka dhisek.Waktu reuni cepluk ngerumpi
bareng kanca kancane lan podo pamer ambek sing deweke nduweni .
Saksampune niku Cepluk mulih nang
griyane, Ghoza nggirahi piring piring sing reged,amargi piyambakipun rumaos
mumet lan mboten sengaja mecahna piring.
Cepluk : “Ana apa iki?”
Ghoza : “Ngapunten,Bu.”
Cepluk : “ Kowe iku ora tau
diuntung.”(Nggepuki Ghoza)
Bagong : “Wes..wes..,aja kasar nang
anakmu iku!!Ayo Ghoza nang kamarmu wae.”
Bagong : (menyang Cepluk) “Ibuku esuk
emben arep nang kene.”
Cepluk : “Terus apa urusanku?”
Bagong : “Ya sampeyan
bisa nyambut Ibuku karo becik lah….”
Cepluk : “Yo wes lah…Pokok
Ibumu aja nggawa perkara ae.”
Kalih dinten Ibu saking Bagong dugi
mbekta janganan saking dusune di enggo oleh-oleh.
Mbah Tut : “Ya apa kabarmu le?”
Bagong : “Ah sae Bu,Ibu sae napa
mboten?”
Mbah Tut : “Ibu sae le.”
Kala Mbah Tut meluk Cepluk,Cepluk
ora gelem.
Cepluk : “iiiihhhhh….apa apaan
iki?”(rumaos keri)
Mbah Tut : “Opo o ta nduk?Kowe saiki kok
tambah ayu?”
Cepluk : “Yo iyo se.Ibu nggawa
pete ya?”
Mbah Tut : “Lho iyo,opo o tah?”
Cepluk :
“Aku kan wis kandha yen nang kene aja nggawa pete.Aku ora seneng nang
ambune,iku bisa tekan sak umah”
Bagong :
“Wes tah.Terima wae engko awak dewe omongna.”
Bagong : “Dik,aku budhal nyambut gawe
dhisek yo?”
Cepluk : “Wes,budhal o kono
loh.”
Mbah Tut : “Ghoz,ayo melu Mbah metu umah.”
Ghoza : “Kula mboten purun teng
Ibu,Mbah.”
Mbah Tut : “Loh apa a?Engko Mbah wes sing
ngomong nang Ibumu.”
Kaliyan rai ne wedi,Ghoza ndherek
Mbah Tut.Sakderenge dugi njawi Ibune Ghoza ningali Ghoza kale Mbah Tut sing
badhe medal.
Cepluk : “He…..Ghoz,kate nang
endi kowe?”
Ghoza : “Kula badhe ndherek
Mbah,Bu.”
Cepluk : “Ndak usah melu wes.”
Mbah Tut : “Opo o se,Nduk?”
Cepluk : “Wes menenga,ndak usah
melu-melu sampeyan,Bu.Mlebu o Ghoz,ndak usah metu-metu.Sampeyan wae sing metu
teka umah iki wes,Bu.”
Mbah
Tut : “Ya Allah Nduk,iya wes
aku engko metu teka umah iki.”
Cepluk : “Ya metuo sing
adoh,Bu.Ngerepoti wae.”
Dalune Bagong
dugi saking nyambut damel lan nangleti Cepluk teng pundi Mbah Tut.
Bagong : “Dik,Ibu nang endi?”
Cepluk : “Aku ndah ro,,.Mulih
paling.”
Bagong : “Loh yo opo se,Dik.Ibu kok
mulih,sek wingi Ibu teka mosok wes mulih.”
Cepluk : “Ya ben o wes,karepe
Ibu.Wes aku kate turu.”
Saksampune niku Ghoza ngrenung ing
kamare.Enjing dintene,saksampune Bagong tindak nyambut damel lan dheweke
pamitan dhateng Cepluk.Mantun niku Purno dugi menyang Cepluk teng griyane
Cepluk.
Purno : (Ing lawang amping-amping)
“Hai Beb….”
Cepluk : “He…kene loh Mas
mlebu o!”
Purno : “Hmmm…Ayune sampeyan,Beb.”
Cepluk : “Iso-iso ae sampeyan
ngerayu aku,Mas.”
Purno : “Loh,iku apa
Beb?Ireng-ireng iku loh..?”
Cepluk :
“Endi se,Mas?”
Purno : “Iku loh.”(kaliyan nunjuk)
Cepluk : (Cepluk ningali Ghoza
amping-amping ing kamare) “He..kowe Ghoz mlebu a aja amping-amping!”
Purno : “Iku sapa se Beb,anakmu a?’
Cepluk : “Ya ngono iku wes Mas.”
Purno : “Oooalaah..ayo Beb metu
mlaku-mlaku.”
Cepluk : “Ayo Mas,Oh…sek sek
Mas.”Ghoz…Ghoz…rene o kowe!”
Ghoza :
“Wonten napa,Bu?”
Cepluk : “Suwene kowe iki.Ibu kate
metu aja sampek kowe metu teka umah iki loh Ghoz!”
Ghoza : “Inggih,Bu.”
Cepluk : “Awas kowe lek metu,mangke
tak ajar kowe Ghoz.”
Ghoza : “Inggih,Bu.”
Sawise niku Cepluk tindak kaliyan
Purno.Cepluk lan Purno mlampah-mlampah tindak peken tumbas rasukan.
Cepluk : “Yu piroan iki yu?”
PenjualBaju : “Seketebok lah.” (basa Madura)
Cepluk : “Piro se yu?Aku ora
ngerti.”
PenjualBaju : “Seketebok.”
Cepluk : “Opo se yu?Piroan
iki?”
PenjualBaju : “Wooo..Tengel,seketebo embo la,engko
tak tengel?”
Purno : “Ono opo se Dek?Kok rame
ae?”
Cepluk : “Iki lo mas ngomong Bahasa
Arab wong iki,lah aku ora ngerti.Wong aku anggere bayar,mosok ngerti aku.”
Purno : “Berempa regena?”
PenjualBaju : “Seketebok Cong,gelem ta?”
Purno : “Seketewu Dik.”
Cepluk : “Seketewu?Cek larange?Klambi
pasaran seketewu?”
PenjualBaju : “Eh,ngomong opo mbak?”
Cepluk : “Loh?Iso ngomong Jowo kowe?”
PenjualBaju :
“Lo,yo iso.Bahasa opo maneh?Arab ta?Yo ora iso,wong aku anggere mbayar
pisan ngunu se.”
Cepluk : “Oh yo wes.Anguran
tuku neng Jerman ketimbang neng kene.”
PenjualBaju : “Jejere taman ah?”
Teng kamare Ghoza nangisi nasibe
sing mboten sae.
Ghoza : “Ibu,sak benere aku iki anak
e sopo?aku ngerti yen aku dudu anak kandungmu,tapi ne sampeyan opo o kok mboten
sayang titik ae nang aku.”
Ghoza ketileman ing kasure.
Dalune Bapake dugi nyambut damel lan
menyang kamare Ghoza.Lajenge Bapake ngusap sirahe Ghoza sing tilem.Lajeng
Bagong tindak mundhut toya lan Bagong ningali Cepluk ing njawi kaliyan Purno
selingkuhane Cepluk.
Bagong : “Ya Allah,bojoku nduweni wong
liya maneh.”
Cepluk menyang pawon badhe nedha lan
Bagong arep marani Cepluk.
Bagong : “Dik.”
Cepluk : “Opo se?”
Bagong : “Aja di siya-siya Ghoza
iku,sak aken.”
Cepluk : “Sapa se sing
nyia-nyiana Ghoza,ancene Goza sing kurang ajar nang aku.”
Bagong : “Ora apa-apa,Dik yen sampeyan
tresna wong lia sing penting aja nyiksa anake.”
Cepluk : “Iyo aku ancen tresna wong
liya,ora usah ngatur-ngatur aku maneh,sesuk aku bakal minggat saking umah iki.”
Bagong : “Aja,Dik saaken anake.”
Cepluk : “Cekne wes.Aku wes ora
sanggup urip karo kowe lan anakmu.Aku nyesel kawin karo kowe.Kowe mlarat ora
isa nyenengna aku.”
Bagong :”Wes!!!!!
Kesabaranku wes entek ayo melu aku”
Suasana ing griyane Ghoza kayadene
biasane.
Ghoza tangi sangking tileme lajeng
menyang teng pawon kangge nyepaaken dhaharan.Lan Ghoza nimbali Bapake.
Ghoza : “Pak,monggo di dhahar.”
Bagong : “Iya,Nak.”(tindak pawon)
“Saiki kowe bebas,Nak Ibumu ndak iro nyiksa kowe maneh.Ibumu wes ndak ana
Ghoz.”
Ghoza :”Loh
nandi pak ibu?”
Bagong : “Ibumu
wes ndonok ndausah digoleki wes!”
Ghoza : “Ndek
endi Pak?”
Bagong : “Wes
menengo ndausah nggoleki ibumu
Amargi Ghoza tanglet terus, Ghoza dikancingi lawang marang bapake.
Ing dinten dalu
Ghoza teng lawang kale senden lajeng ningali Bapake dugi nyambut damel kale
mabuk.Lan Bapake muntah ing plesteran.Dados Ghoza langsung ngersiki kale
nangis,Bagong lagi nglantur
Ghoza : “Loh
pak punapa njenengan?
Bagong : “Ibumu
wes ndonok
Ghoza : “Nandi
pak ibuku
Bagong : “Ibumu
wes tak pateni!kene melu aku
Ghoza tansah meneng lan
nangis.Bapake ngelantur ngepuki jasade Cepluk.
Lajeng Bapake mlebet ing griya lan
Ghoza tasik kale jasade Ibune.Sawise iku Ghoza mbekta Ibune kangge mlebet teng
kamare.Lan
bapake ngombe racun gawe bunuh diri.
Ghoza : (Ing kamar) “Ibu…”
Bagong : “Ghoza.”(Kaliyan mbukak lawang
lan kaget tibakna wonten Cepluk ing pinggire Ghoza)
Enjing dinten,Ghoza tangi lan
menyang pawon kangge mundhut toya lan lajeng ningali Bapake sampun mboten
enten.
Ghoza : “(Karo nangis) Bapakk.”
Ghoza ningali lawang njawi
mbukak,lajeng Ghoza menyang lawang njawi kaliyan rainipun campur aduk.
Lajeng Mbah Tut dugi tebe mlayu
marani Ghoza.
Mbah Tut : “Ghoz,ana apa?”
Ghoza : “Ibu lan Bapak Mbah…”
Mbah Tut : “Opo o le?”
Ghoza : “Ibu lan Bapak seda Mbah.”
Mbah Tut : “Hah?Mati opo o?”
Ghoza : “Kula mboten kiyat
nyritaaken Mbah.”(kale nangis)
Mbah
Tut : “Wes le,paling iki wes
takdire.Kowe melu Mbah wae ninggalno umah keji iki.”
Mbah
Tut : “Ghoz rinio le.”
Ghoza : “Inggih,Mbah.”(kale kaget)
Mbah
Tut : “Pijetono Mbah yo
le?Gelem ta?
Ghoza : “Inggih Mbah.Mbah matur
nuwun sampun ngerawat kula.”
Mbah
Tut : “Iyo le,ndak papa.”
Ghoza : “Matur nuwun,Mbah.”(kale
meluk)
Aja dados tiyang
sing ala lakune,yen ora pingin cilaka akhire.Aja duhaka marang tiyang sing
luwih sepuh.Lan aja gampang percaya marang hal-hal sing nyekutuna Allah.
TAMAT
Tidak ada komentar:
Posting Komentar